Dene makna angka-angka (3,7,40,100) in dinten pengetan punika kita salarasaken kaliyan piwulang iman ingkan kapethik saking ayat-ayat Kitab Suci, amrih mboten namung ela-elu, tanpa mangertos tujuwanipun. Upaminipun pengetan 40 dintenipun, saged kasalarasaken kaliyan siyam Dalem Gusti Yesus selami 40 dinten wonten ing ara-ara samun.